Kamis, September 18, 2014

Kisah Nyata : Kenalan Pesbuk

Sedikit rileks menghadapi kerjaan.
Dari Komunitas Orang Jawa Timur.

KISAH NYATA:
KENALAN PESBUK.............

Sore iku Topan lagi numpak motor nggoleki omahe Juminten, kenalan anyar oleh seko pesbuk...

Rumongso kesasar, Topan langsung mbukak pesbuk... Terus inbox-an neng Akune FB Juminten...

Topan: "Halo ayang Jum... Aku wes tekan daerahmu ki... Terus mlebu gang sing endi ?"

Juminten: "Sing ono gapurane terus sampean lurus kiro-kiro 25 meter ono omah gedong tingkat apik, wernane biru, mobile akeh..."

Topan: " Siap... Aku wes tekan kono ki... Omahmu iki po Jum?"

Juminten : " Udhuk mas... Sampean menggok nengen kiro-kiro 10 meter ono lapangan badminton... Lha sebelahe lapangan kuwi..."

Topan: "Omahmu Jum?"
Juminten: "Kuwi omahe tukang jahit mas... (xixixi)... Lurus wae mengko bar jembatan ketemu omah ono tulisane ISI ULANG PULSA lha kuwi..."

Topan: "Siiipp.. kuwi omahmu tho?"
Juminten: " Kuwi jenenge konter mas...(xixixi...) Sampean menggok nengen wae terus ketemu kuburan... Lha ngarepane kuburan kuwi..."

Topan (mulai nesu): "Omahmu Jum?"
Juminten: "Kuwi gerbang kuburan mas... Sampean ojo mlebu... Sampean menggok kiwo wae mengko ono peternakan pitik gede kuwi..."

Topan (nesu tenan) : "Aaaarggh!.. Opo Kuwi omahmu?"
Juminten: " Aku uduk pitik mas... Kuwi isih lurus terus... Mengko ketemu ALAS... kuwi..."

Topan (muntab): "KUWI OMAHMU JUUUM...?"
Juminten: "Aku uduk munyuk mas! Sampean lewat alas lurus terus mengko ketemu masjid... Lha jejere masjid kuwi..."

Topan (emosi pol): "NEK PISAN IKI NGOMONG UDUK OMAHMU..
TAK SANTET TENAN KOWE JUM!!!"
Juminten: "Xixixi... Dadi wong kok nesuan... Iyo kuwi omahku... Wes ketemu rung mas?"

Topan (lego): " Iyo... Aku wes neng ngarep omahmu ki... Asem yo ayang Jum.., nggawe kesel awakku.. Awas bar iki tak jiwiti kowe... hehehe"

Juminten: "Yo wes, mlebu wae... Ono simbok kok.."
Topan: " Lho kok malah simbokmu sing kon nemoni? Lha kowe nangdi Jum?"

Juminten: "Laaahh aku kan... wes suwi neng HONGKONG dadi TKW mas... Xixixi..."

Tidak ada komentar: